Apa sliramu nate ngerti apa kang disebut tembang dolanan?
Menawa durung mangerteni ayo kenalan marang apa kang disebut tembang dolanan.
Tembang dolanan iku jinising tembang kang prasaja, biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik, utamané ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané. Lumantar tembang dolanan, bocah-bocah dikenalaké bab sato kéwan, sato iwèn, thethukulan, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalané.
Kadhangkala tembang dolanan uga ditembangaké déning waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit. Tembang dolanan iku beda karo jenis tembang jawa liyane. Tembang dolanan ora nduweni paugeran kaya dene tembang gedhe, tengahan, utawa macapat. Ananging tembang dolanan iku nduweni titikan (ciri-ciri). Titikane tembang dolanan iku kaya ing ngisor iki:
Ora kaiket dening guru lagu,
Cacahe wanda lan gatrane bebas,
Bentuk lagune bebas,
Sipat lagune gembira, regeng, lan seneng, lan
Isine tembang bab dolanan utawa sindiran.
Tuladha tembang- tembang dolanan ing ngisor iki kerep ditembangake jroning bocah- bocah padesan sinambi dolanan yaiku:
Cublak-cublak suweng
Gajah gajah
Gambang Suling
Gundhul Pacul
Jamuran
Jaranan
Kidang Talun
Kupu Kuwi
Lir Ilir
Menthok Menthok
Padhang Bulan
Pitik Tukung
Suwe Ora Jamu
Ing wanci iki, ayo sinau tembang Cublak- Cublak Suweng, Padhang Bulan, Suwe Ora Jamu, Kodhok Ngorek, Jamuran, Gambang Suling.